KEONG EMAS
Dosen Pengampu:
Erna Istikomah
Disusun oleh:
Kelompok 9
1. Ismiati
Ragil Handayani A510120196
2. Atalarik
Syech Al Islami A510120206
3. Ariska
Nugraheni A510120207
4. Ana Purnama
Sari A510120208
5. Zuli
Isnawati A510120209
6. Nur
Indah Lailya M. A510120228
PROGRAM STUDI S1 PENDIDIKAN GURU
SEKOLAH DASAR
FAKULTAS KEGURUAN DAN ILMU
PENDIDIKAN
UNIVERSITAS MUHAMMADIYAH SURAKARTA
2014
BAB I
WIWITAN
1.
Praduga
Carito rakyat ngrupakne
pamangilonan saka siji kebudayaan sawijining bangsa. Sawijining kebudayaan bisa
didelok saka carito rakyat sing akeh nggambarake kedadean lan kahanan daerah
asale. Carito-carito rakyat yaiku salah siji budaya bangsa Indonesia sing soyo
katinggalake panggonane. Mesti ora pengen generasi panerus bangsa ora ngenal
kisah-kisah sing diceritake kawit atusan taun kepungkur. Amarga iku, wis dadi
kewajiban bangsa sing kudu ngajeni budayane, kanggo njaga lan nglestarekake
nilai-nilai sing nang jero carito-carito rakyat kasebut. Panglestaren iki bisa
dilakoake karo ngenalake carito rakyat nang generasai enom. Basa sing katur ana
ing siji cerito nggunakne basa kedaerahan, ning kebak hikmah lan nilai-nilai
budi pekerti, kangge pangilonan lan pedoman kanggo generasi panerus bangsa sing
didadeake suri tauladan.
Salah sijine carito
rakyat yaiku Legenda Keong Mas. Legenda ngrupakne carito sing kadar kebenerane
dibuktikna, nanging dipercaya banget karo masyarakat lan dadi pola pamikirane masyarakat
kabeh. Legenda sing soyo ngembang ing masyarakat saiki akeh di rungoake ono ing
sandiwara radio, film lan sinetron neng layar televisi. Media informasi kaya
radio lan televisi ngrupakne salah siji media sing nggawe carito rakyat iki
bisa dikembangake lan disenengi masyarakat.
Legenda sing ngembang
ono ing panguripan masyarakat Indonesia yaiku Legenda Keong Mas. Carito rakyat
Keong Mas kelebu ono ing legenda perorangan sing ngembang ana ing daerah Jawa
Tengah lan Jawa Wetan. Legenda Keong Mas ngrupakne cerito rakyat sing bisa dadi
inspirasi kanggo wong akeh amarga ngandung kebecikan lan ketulusan arep mbales kesenengane.
Rasa tresna kadang kala nggawe uwong tumindak sing ala. Kedadean iki uga
dialami wong wadon sing jenenge Galuh
Ajeng sing tresna sanget marang pangeran sing gagah lan perkasa saka Kerajaan
Kahuripan. Kekarepane sing gedhe kanggo nduweni Raden Inu Kertapati dheweke
nglakoanke perbuatan sing ala. Tanpa
mikir dawa, dheweke ngongkon penyihir kanggo nguthuk Candra Kirana. Candra Kirana yaiku salah siji
putri kang nduwe ati sing becik, kedadean kasebut sing nggaweni Candra Kirana
dadi keong kang arupa emas lan banjur dibuwang neng tengah segara.
Kene njupuk carito
Keong Emas amarga ing carito kasebut ngandung akeh pesan moral. Pesan moral
sing bisa dijupuk saka carito Keong Emas iki antarane kanggo awujudake
kekarepan pribadi aja nglarani wong liya, rasa tresna lan tekad sing kuat tanpa
nyerah bisa ngintukake kesuksesane. Saka
macem-macem praduga ing dhuwur, kene arep ngrembug carito babagan “Keong Emas”.
2.
Rumusan Perkara
Rumusan perkara inggih menika:
b.
Pripun amanatipun saking
carita Keong Emas?
c.
Kados pundi cara ngudi utawi
nggancaraken amanat carita Keong Emas
dhumateng siswa SD?
BAB II
ISI
1.
Carita Keong Mas
Raja Kertamarta yaiku
raja saka Kerajaan Daha. Raja nduweni anak putri kalih, jenenge Galuh Ajeng lan
Candra Kirana sing ayu lan becik. Candra Kirana wis ditunangake saka putra
mahkota Kerajaan Kahuripan yaiku Raden Inu Kertapati sing becik lan bijaksana.
Ning sedulur kandung
Candra Kirana yaiku Galuh Ajeng iri banget nang Candra Kirana, amarga Galuh
Ajeng nduwe rasa seneng neng Raden Inu Kertapati banjur Galuh Ajeng nemoni Penyihir kanggo
ngutuk Candra Kirana. Dheweke uga nuduh dadine Candra Kirana diusir saka Istana
pas Candra Kirana mlaku nyusuri pantai, Penyihire muncul lan ngutuk dadi Keong
Emas lan mbuwang nang segara. Tur kutukane iso ilang nek Keong Emas ketemu karo
tunangane.
Sawijining dina Mbok
Randha lagi nggoleki iwak karo jala, lan keong emas nyangkut ing jalane. Keong
Emas digawa mulih lan didokokake neng tempayan. Sesuke Mbok Randha kuwi
nggoleki iwak meneh ning segara, ananging ora ono iwak sing ditemokake.
Banjur dheweke tekan omah kaget amarga
sumaji panganan sing enak-enak. Mbok Randha pitakon-takon sapa sing ngirim
panganan iki.
Ngono uga dina-dina
seteruse Mbok Randha ndalani kedaden sing padha, esuke Mbok Randha ethok-ethok
menyang segara dheweke ngindek apa sing kedadean, jebulane Keong Emas dadi
prawan ayu lan terus masak, banjur iku Mbok Randha nekoki Keong Emas “Sapa kowe
sejatine cah ayu?” aku yaiku putri Kerajaan Daha sing dikuthuk dadi Keong Emas
saka sedulurku amarga dheweke iri karo aku ” tembung Keong Emas, banjur Candra
Kirana ngrubah bali dadi Keong Emas meneh. Mbok Randha langsung kaget nyawang
kedadean kuwi.
Raden Inu Kertapati ora
arep meneng wae pas ngerti Candra Kirana ngilang. Dheweke nggoleki karo cara
ngremeng dadi rakyat biasa. Penyihir akhire ngerti lan ngubah awake dadi gagak
kanggo nyelakani Raden Inu Kertapati. Raden Inu Kertapati kaget banget nyawang
manuk gagak sing bisa ngomong lan meruhi tujuane. Dheweke nganggep manuk gagak
kuwi sakti lan manutane, dene Raden Inu Kertapati diwenehana arah sing salah.
Ono ing dalan Raden Inu Kertapati ketemu karo Mbah Kakung sing lagi keluwen,
diwenehi Mbah Kakung kuwi panganan. Jebulane Mbah Kakung iku wong sakti sing
becik, dheweke nulungi Raden Inu Kertapati saka manuk gagak kuwi.
Mbah Kakung kuwi
nggebug manuk gagak karo tekene, lan manuk kuwi dadi keluk. Akhire Raden Inu
Kertapati diwenehi weruh ana ing ngendi Candra Kirana iku. Banjur iku Raden Inu
Kertapati lunga ing Desa Dadapan. Sakwise mlaku pirang-pirang dina Raden Inu
Kertapati tekan ing Desa Dadapan, Raden Inu Kertapati ngampiri salah siji gubuk
sing didelok, kanggo njaluk seteguk banyu amarga bekale wis entek. Ning
jebulane dheweke kaget banget, amarga saka walik jendela dheweke ndelok
tunangane lagi masak. Banjur iku Raden Inu Kertapati ngampiri tunangane. Akhire
kutukane ilang amarga ketemu karo Raden Inu Kertapati. Nanging wektu iku Mbok Randha
sing nduwe omah teko lan Candra Kirana ngenalake Raden Inu Kertapati marang
Mbok Randha. Akhire Raden Inu Kertapati ngajak Candra Kirana nang Istana, lan
Candra Kirana nyeritakake kelakuane Galuh Ajeng nang Baginda Kertamarta.
Baginda njaluk ngapura
marang Candra Kirana lan sawalike. Galuh Ajeng entuk balesan sing setimpal.
Amarga wedi Galuh Ajeng lunga nang alas, banjur dheweke mblusuk lan tiba neng
jero jurang. Akhire ngantenan Candra Kirana lan Raden Inu Kertapati
dilaksanakne. Candra Kirana lan Raden Inu Kertapati ngajak Mbok Randha sing
gemati kuwi menyang Istana lan dekne kabeh rahayuning ngaurip.
2.
Amanat Carita Keong Mas
1.
Candra Kirana sing
wis dislametake saka Mbok Randha kuwi matur nuwun lan masakne Mbok Randha. Ing cuplikan iki sejatine ngandung
jarwa sing ngedhe banget. Urung mesti nak angger tulungan saka wong liya urung
mesti niatane tulus lan bener-bener tanpa mbutuhke imbalan.
2.
Dewi Galuh sing
ala akhire etuk ukuman akibat kelakuane. Iki yaiku ukuman saking Gusti Allah. Sapa
sing nglakokake salah lan dosa yaiku akibate oleh ganjaran.
3.
Candra Kirana
sing sabar ndalani kauripane lan oleh kesenengan sing diimpekne. Ora mesti
kabeh uwong ngrasakne kesenengann utowo ketentreman ono kauripane.
4.
Mbok Randha sing
atine ikhlas nulung oleh nikmat kanggo urip ing istana. Bisa dadi iki yaiku
imbalan sing uwis di lakokake Mbok Randha marang Candra Kirana. Lan bisa dadi
uga Gusti Allah uwes nggarisake menawa kebecikane Mbok Randha oleh imbalan pas dheweke ana ing
donya. Ananging iki namung secuil saka nikmat akhirat sing diolehi menawa ono
ing akhirat mbesuk.
5.
Pangeran sing
terus nggoleki Candra Kirana sing ilang karo tekat kuwat akhire nemokake apa
sing digoleki. Bisa wae awake dhewe nggatokne iki karo kekuatan saka tresnane
sing dinduweni akibate luwih gampang kanggo nggoleki lan nemokake sosok sing
awake dewe senengi.
6.
Kebenaran iku
mesti menang lan piala mesti oleh balesane. Kedadean iki ngrupakne inti saka kauripan sing arep ngono
kuwi wae. Sing bener lan becik arep ngisoake tinuju kemenangan lan sing ala
intuk walesan.
7.
Pangarep kudu
ora tumindakkanggo kepentingan awake dhewe, nanging ngutamakne kepentingan
masyarakat, kayata raja Kertamarta dadi pangarep teladan kanggo rakyate lan ora
ngutamakne kepentingan dhewe.
8.
Yen awake dhewe
dadi wong sing dipanggedheni kudune awake dhewe uga ngajeni lan matuhi aturan
saka pangarep awake dhewe.
9.
Sosok Candra
Kirana menehake teladan karo awake
dhewe, kanggo matur tembung sopan, grapyak tamah, sabar, tulus, sregep, seneng
ngewangi, ananging kedadean kabeh kuwi ora munculake rasa sombong,
nangingkecendhekan ati.
10.
Prabedan status
sosial kudune ora nimbulake kedadean sing ora apik ana ing tetangga lan nggawe
awake dhewe menehake tumindak sing beda marang nang wong sing beda uga. Hal
kesebut uga diteladani saka sikap Candra Kirana.
3.
Cara Ngudi utawi Nggancaraken Amanat
Carita Keong Mas Dhumateng Siswa SD
Cara ngudi panyinaon ing jero cerito Keong Emas
ditrepke kanggo siswa kelas papat. Ananging wektu panyinaon guru nyeritoke
cerito Keong Emas kanthi pepak. sakwise kuwi guru menehake pitakonan marang
siswa ngenani cerito Keong Emas, contone cerito Keong Emas asale saka ngendi,
tokohe sapa wae lan liya-liyane. Banjur sakwise siswa ngerteni alur ceritone,
guru menehake nomor siji nganti lima marang siswa. Kanggo siswa etuk nomer sing padha bisa nglumpuk karo nomer sing
padha. Sakwise siswa nglumpuk guru menehi gambar Keong Emas saben-saben
kelomok. Sakwise kui siswa diutus kanggo ngamati lan njlentrehno gambar
kasebut. sakwise saben-saben kelompok rampung njlentrehke gambar kesebut. Saben
kelompok, guru nunjuk salah siji siswa kanggo nerangake olehe diskusi kelompok.
sakwise rampung olehe diskusi, kelompok liya kudu menehi tanggepan utawa
ngajokake pitakonan marang kelompok kesebut lan ngono uga sateruse.
Sakwise saben kelompok rampung nerangke pakoleh diskusine, guru lan siswa nyimpulake
pakoleh panyinaon saka cerito Keong Emas kanthi singkat ning angabehi.
Saka cerito Keong Emas kesebut, guru bisa menehi
pesen moral marang siswa kanggo nggawe becik marang wong liya tanpo njaluki
pamrih, kajaba kuwi karo sedulur awake dhewe kudu mbudayakke urip padha rukun
lan ora oleh padha iri arepa anyel.
BAB III
PENUTUP
Simpulan
1.
Simpulane saka cerita Keong
Emas Raja Kertamarta ndwe anak loro yaiku Galuh Ajeng sing watake ala lan
Candra Kirana sing watake becik.
2. Candra Kirana sabar banget
ntrimo kelakuane Galuh Ajeng, Candra Kirana ora tau nesu wektu dituduh
sedulure, malah dheweke ninggalake Istana. Dheweke nampa nasib kanthi jembar
ati lan mbantu Mbok Randha kanti legowo. Lan uga Raden Inu Kertapati kanthi
sabar nggoleki panggone Candra Kirana nganti ketemu ing Desa Dadapan.
3.
Candra Kirana lan Raden Inu
Kertapati ngetrepne nilai kang jujur, akhire Candra Kirana lan Raden Inu
Kertapati ketemu lan seneng bareng.
4.
Raden Inu Kertapati tresna
banget karo Candra Kirana. Nganti Raden Inu Kertapati tetep nunggu tekane
Candra Kirana, amarga nak ketemu bisa ngilangake kuthukane.
DAFTAR PUSTAKA
Setyoningsih, Irawati . 2009.
“Legenda Keong Mas sebagai Sumber Ide dalam
Perancangan Motif Tekstil untuk Pakaian Muslimah”. Skripsi.Surakarta: Fakultas
Sastra Dan Seni Rupa Universitas Sebelas
Maret.
Ahira, Anne. 2012. “Cerita Rakyat Keong
Mas”, (http://www.anneahira.com/cerita-rakyat
keong-mas.htm.,
diakses 6 Mei 2014).
Dian. 2012. “Cerita Rakyat
Indonesia Keong Mas”,
diakses
6 Mei 2014).
Where to Bet on Sports To Bet On Sports In Illinois
BalasHapusThe best sports bet types and bonuses 바카라사이트 available in Illinois. The most common sports aprcasino betting https://octcasino.com/ options available. Bet $20, 토토 사이트 모음 Win $150, https://septcasino.com/review/merit-casino/ Win $100 or